Weradu Slalune Partisipasi Aktif neng Saben Lomba (FTBI Taun 2025)
- Dapatkan link
- X
- Aplikasi Lainnya
Neng kegiatan FTBI kiye para siswa SD Negeri 2 Sokawera melu saingan nang pirang-pirang cabang lomba, yaiku Sesorah, Ndagel, Cerkak, Geguritan, lan Maca Geguritan. Saka saben cabang lomba, bocah-bocah ngetokake bakat lan katrampilané nganggo basa Jawa Banyumasan sing endah lan nggumunna.
Suasana lomba rame lan meriah, para peserta padha semangat lan percaya dhiri nalika nuduhake kabisane. Ora mung nglestarèkaké budaya lan basa Jawa, nanging uga dadi ajang kanggo nambah rasa percaya diri, kreativitas, lan kekompakan antar siswa.
Kepala SD Negeri 2 Sokawera yakuwe Diyanto, S. Pd.SD. ngaturake panuwun marang kabeh guru lan siswa sing wis nyengkuyung kegiatan kiye, uga ndonga muga-muga bocah-bocah bisa ngasilaké asil sing nyenengake lan dadi kebanggaan sekolah.
Kanthi melu Festival Tunas Basa Ibu, SD Negeri 2 Sokawera mbuktèkaké komitmené kanggo tetep nguri-uri lan nglestarèkaké basa Jawa, luwih-luwih basa Jawa dialek Banyumasan, supaya tetep lestari tumrap generasi enom. (hss)
- Dapatkan link
- X
- Aplikasi Lainnya







Komentar
Posting Komentar